Berikut ini merupakan Bank Soal Pilihan Ganda untuk Ujian Sekolah SMA dengan materi berbagai macam jenis teks. Dikumpulkan dari berbagai sumber.
Gladhen Wacan Jawa
Bagiyan 1
Prathelan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-2!
Ing satengahing kagiyatan MOS (Masa Orientasi Sekolah), Pak Adi, guru Basa Jawa SMA Virgo Fidelis, maosake wara-wara. Dene isine wara-wara mangkene.
Wara-wara iki katujokake kanggo para siswa Kelas X. Kabeh siswa anyar Kelas X supaya ngumpul ing: Dina, tanggal : Senin, 23 Juli 2012
Wanci : Jam 15.30 WIB
Panggonan : Ruang Fransiskus
Kaperluan : Ngrembug bab pranatan kelas anyar
Wara-wara iki wigati banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X, prayogane kabeh bae bisa nekani patemon iku!
1. Yen nggatekake wara-wara ing dhuwur kuwi, migunakake jinis ....
a. basa ngoko lugub. basa ngoko alusc. basa krama lugud. basa krama aluse. basa padinan
2. Kanthi teliti, yen wara-wara mau mligi katujokake kanggo ... .
a. sedaya para siswab. para siswa pengurus OSISc. para siswa anyard. para siswa lanang kelas Xe. para siswa anyar kelas X
Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 3-5!
Nulung Sedulur
Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.
Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.
3. Wos surasane alenia 1 wacan ing dhuwur yaiku . . .
a. Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolahb. Sarno ora kalah karo kancane sing tetep padha sekolahc. Sarno bocah pinter lan pikirane majud. Wong tuwane Sarno ora duwe ragade. Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku
4. Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku . . .
a. Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwaneb. Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukurc. Tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulyad. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhee. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
5. Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu” yaiku . . .
a. Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripeb. Sapa sing gelem usaha bakal kelakon sing dikarepakec. Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepaked. Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripee. Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe
6. Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
Yuyu Kangkang : “eiiiitsss, nanging..., ahaaa, ana syarate”
Para Klenthing : “apa kuwi?”
Yuyu Kangkang : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”
Para Klenthing : “pilus apa kuwi??”
Yuyu Kangkang : “pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para klenthing rambugan eyel-eyelen)
Yuyu Kangkang : “piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”
Klenthing Abang : “ Yuyu Kangkang,”
Yuyu Kangkang : “ahaaa....”
Watake yuyu kangkang ing drama kasebut yaiku … .
a. Galakb. Sektic. Cethild. Pinter ngrayue. Loma
7. Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
Ing tengah dalan ketepakan ketemu karo Mas Pri sing lagi ngrondha kemul sarung sajak males lan ngantuk banget.
Mbak Yupinah : Lhaiki uwonge….!
Mas Pri : ya ampyun… ngaget-ngageti ae..se Mbak..Mbak.. ana apa iki kok rombongan?
Zaenab : Mas Pri.. aku tak takon….
Mas Pri : Ee.. ana Mas Amat barang ta iki…emm nggawa tape ora, Mas?
Mas Amat : Ora! Tapeku buyar diborong pocong!
Mas Pri : Zaenab arep takon apa,mau?
Latar ing prathelan drama ing dhuwur manggon ana ing … .
a. Dalanb. Pos rondhac. Kuburand. Pinggir kalie. Omah
8. Cuplikan artikel ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
“Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.”
Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo Prathelan artikel Jawa ing dhuwur yaiku …
a. perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka bakat.b. bakat uga dadi perangan kang bisa kasil orane manungsa ing donya.c. kang wigati iku tekad kepengin bisa lan tekad kepengin kasil.d. kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.e. manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.
9. Ing ngisor iki kang kalebu wacan artikel kanthi tema ngasah kewasisan yaiku … .
a. Lah menika ta, wus dumugi wahyaning mangsa kala dhawahing pepesthen, ing samadyaning bale pinajang ing siang/dalu menika, wonten titahing Gusti Allah. Ingkang arupi kakung miwahing putri, wus manunggaling tekad arsa mbangun brayat kanthi anetepi upacara adat.b. Ora dirasa Pak Naya ari mlaku-mlaku anjlog dhukuh Randhu, Kalurahan danaraja. Terus duwe gagasan arep mampir maring umahe Pak Arja. Dhasare wis lawas ora ketemu. Temenan, Pak Naya mampir neng umahe Pak Arja, kayogawe won ge nang umah. ”Kula nuwun.” ”Mangga, e, e, e, ...... daning Pak Naya. Sing pundi mawon, si ?”c. Kaping loro, sregep gladhen. Gladhen kuwi perlu kanggo ngasah keprigelan lan kewasisan kita. Saya asring diasah, saya landhep anggone magawe. Kejaba iku, uga bisa migunani marang dhiri pribadi lan sakiwa-tengene dhewe.d. Rong dina kepungkur Mas Amat ora dodolan tape sebab dheweke nyambangi dulure sing ana ing Kutawinangun. Dina iki dheweke wis dodolan maneh kaya biasane. Rombong pikulan lan dhingklik ora nate kari ngancani Mas Amat ngubengi desa Tangkisan – Karangnangka ya desane. Kabeh wis apal karo swarane. Akeh sing padha seneng nukoni tapene Mas Ahmat sing pancen nikmat.e. Mas Amat : Inggih mangga.. matur nuwun lo Mbak…(Dhuwit seket ewu diambungi sadurunge dilebokna kesake) wihh.. iki jenenge rejeki nomplok..rejeki ketemu Pocong (muni ngono karo nyedhak setengah bisik-bisik ing kupinge Mas Pri sing mung nyawang karo mencep)
10. Petikan wacan ing ngisor iki satitekna!
“Kenapa ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis Suseno jroning Etika Jawa (1985), saben wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa. Kawit cilik, wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangan. Dheweke bebas milih salah sijine gegambaran kang dianggep nocogi lan uga bisa ditampa masarakat. Nanging ora ateges kabeh gambaran wayang iku pantes digumuni. Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan, mula figur kang ala wae uga nemokake papan ing panggung crita.”
Kang dirembug ing paragraph kasebut yaiku …
a. Alesane kenapa ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa.b. Andharane Franz Magnis Suseno jroning Etika Jawa (1985)c. Piwulang wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawad. Wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangane. Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan
Bagiyan 2
11. Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ….
a. Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng tuwin ngendikan.b. Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?c. Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.d. Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.e. Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat.
12. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A : Punapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
B : Ya, kena bae arep takon apa?
A : Jenisipun ukara menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih….
B : O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
A : Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga kang luwih enom yaiku….
a. A, katitik matur nganggo basa ngokob. B, katitik matur nganggo basa ngokoc. A, katitik matur nganggo basa kramad. B, katitik matur nganggo basa kramae. A, katitik matur nganggo madya
13. Wacanen pacelathon kang migunake wangsalan ing ngisor iki!
Resi : “Tinimbang nganggur, ayo bedhekan wae Mbak Siwi!”
Siwi : “Manut, kowe apa aku dhisik sing mbedheki?”
Resi : “Kowe wae sing mbedheki dhisik Mbak. Aku sing mbatang(mangsuli)!’
Siwi : “Aku dhisik ya, rungokna! Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha! Hayo, apa batangane pring dhempet?”
Rewangana Resi mikir lan mangsuli bedhekane Siwi. Kira-kira batangane ....
a. bandhab. semayac. dugad. gadhae. andha
14. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Suryani : “Piye kabarmu Pras?”
Prasetyo : “Oalah, Sur, esuk nakir sore nakir, sing ditaksir godhong ploso, esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa!”
Suryani : “Tegese apa kuwi?”
Prasetyo kuwi kreatif kaya awake dhewe. Dheweke uga seneng migunakake parikan kanggo pacelathon. Parikan kang diomongke Prasetyo gunane kanggo ... Suryani kanthi alus.
a. nesu marangb. maidoc. ngritikd. nyemonie. ngenyek
15. Petikan wacan ing ngisor iki satitekna!
“Gamelan utawa gangsa mujudake salah sijine kagunan (seni) tumrape wong Jawa. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, lan kang mawa kawat. Menawa ditabuh, swarane nengsemake banget. Gamela iku musik orkestrane wong Jawa. Ricikan gamelan kang maneka warna menawa ditabuh kanthi bener, bisa nuwuhake laras kang kepenak dirungu”.
Ukara baku saka pethilan wacan kasebut yaiku....
a. Gamelen utawa gangsa mujudake salah sijine kagunan (seni) tumrape wong Jawa.b. Menawa ditabuh, swarane nengsemake banget. Gamela iku musik orkestrane wong Jawa.c. Ricikan gamelan kang maneka warna menawa ditabuh kanthi bener, bisa nuwuhake laras kang kepenak dirungu.d. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, lan kang mawa kawat.e. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, menawa ditabuh, swarane nengsemake banget.
Wacan kanggo pitakonan nomer 16-18!
Nuwun, kulanuwun. Sugeng siyang.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak/Ibu guru saha karyawan/karyawati ingkang kula urmati. Kanca-kanca siswa-siswi ingkang kabagyan. Puji syukur konjuk ngersanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang kepareng paring rohmat dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinangih ing papan ngriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kanahgyan katumprapan dhumateng panjenengan dalasan kula.
Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2018. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.
Bapak/Ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakatahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.
Matur nuwun. Nuwun. Berkah Dalem
16. Pratelan kasebut kalebu perangan teks....
a. Pawartab. Wawanrembagc. Pranatacarad. Atur pambagyaharjae. Sesorah
17. Ukara “Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2018. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.” kalebu perangan....
a. Salam pambukab. Pambukac. Isid. Pangajab-ajabe. Panutup
18. Ukara “Bapak/Ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakatahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.” kalebu perangan ….
a. Pambukab. Salam pambukac. Isid. Panutupe. Salam panutup
19. Ukara ” Nuwun, kulanuwun. Sugeng siyang.“kalebu perangan…
a. Pambukab. Salam pambukac. Isid. Panutupe. Salam panutup
20. Ukara “Matur nuwun. Nuwun. Berkah Dalem” kalebu perangan.….
a. Pambukab. Salam pambukac. Isid. Panutupe. Salam panutup
Bagiyan 3
21. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.
“Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.” “Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.
Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.
“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.
“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,” sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.
Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….
a. Sabarb. Pangertenc. Kemayud. Tetege. Gumedhe
22. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
a. Sumiyati putra kang bekti marang ibuneb. Sumiyati mung predhuli marang Winartoc. Sumiyati putra kang bhekti marang ibuned. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyatie. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto
23. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi Unmanned Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nama 'Camar biru'. Damar Satria Guntoro salah satunggaling anggota FORCE ngendikakaken, pesawat ingkang sampun dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25 yuta (selawe yuta rupiah). Pesawat menika dipundesain kanthi ukuran 120 centimeter uga anteb 4 Kg.
Undering pawarta kasebut, yaiku...
a. Pesawat tanpa awakb. FORCE duwe pesawatc. Damar nggawe pesawatd. FORCE ngembangake UAVe. Mahasiswa UGM nggawe pesawat
24. Gatekna Wacan ing ngisor iki!
Nalika surya kaping 13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190. Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
Teks ing ndhuwur durung nduweni irah-irahan. Irah-irahan sing trep kanggo teks ing ndhuwur yaiku..
a. Kadadeyan ing surya kaping 13 pebruarib. Ewah-ewahan status Gunung Keludc. Sterilisasi warga gunung keludd. Awu vulkanik lan lahar Gunung Kelude. Gunung Kelud mbledhos
25. Paragraf ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
“Busana bathik mujudake warisan budaya adiluhung Indonesia kang wis kondhang ing maca negara. apa maneh sawise bathik ditetepake minangka Warisan Dunia (The World Heritage) dening UNESCO. Ing tlatah Yogyakarta, Surakarta, Pekalongan, lan Cirebon, bisa ditemoni pangrajin bathik.”
Saka pethilan wacan ing dhuwur pokok isi kang trep yaiku....
a. Busana bathik mujudake warisan budaya adiluhung Indonesia.b. Bathik ditetepake minangka Warisan Dunia (The World Heritage) dening UNESCOc. Ing tlatah Yogyakarta, Surakarta, Pekalongan, lan Cirebon, bis aditemoni pangrajin bathikd. Busana bathik mujudake warisan budaya adiluhung Indonesia kang wis kondhang ing maca negara.e. Busana bathik mujudake warisan budaya adiluhung Indonesia minangka Warisan Dunia (The World Heritage) dening UNESCO.
Wacan ing ngisor gawe mangsulan pitakon nomer 26-27
Mahasiswa Cina Nabuh Gamelan Indonesia
Antarane 20 mahasiswa etnomusikologi Pusat Konservatorium Musik (Central Conservatory of Music/CCOM) Beijing, padha nabuh gamelan Indonesia ing Festival Beijing, Selasa (21/5). Sing luwih narik kawigaten, nalika para mahasiswa saka Cina iku padha nabuh gamelan, busana sing dinggo yaiku kebaya lan bathik tulis asli saka Indonesia.
Ing pertunjukane kang kaping 20 mahasiswa Cina iku ngiringi patang lagu, loro ing antarane yaiku langgam, tradisional saka Indonesia, sing salagu karyane dosen ISI Surakarta lan salagu maneh karyane Direktur Departemen Musikologi CCOM Prof An Ping.
26. Mahasiswa Cina iku nabuh gamelan Indonesia ing acara...
a. Pentas Seni CCOMb. Festival Musik Beijingc. Pagelaran Musik ISId. Pegelaran Wayang Kulit ISIe. Festival Musik CCOM
27. Sing narik kawigaten nalika mahasiswa Cina iku nabuh gamelan yaiku....
a. Bisa lancar nggawakake gendhing Jawa.b. Nggawakake lagu karyane dosen ISI Surakarta.c. Gendhing sing digawakake iku gendhing kang anyar lan endahd. Busana sing dienggo yaiku bathik tulis Indonesia lan Kebaya.e. Amarga bisa prigel nabuh gamelan kamangka mung latian rong sasi.
28. Paragraf ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
“Gamelan utawa gangsa mujudake salah sijine kagunan (seni) tumrape wong Jawa. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, lan kang mawa kawat. Menawa ditabuh, swarane nengsemake banget. Gamela iku musik orkestrane wong Jawa. Ricikan gamelan kang maneka warna menawa ditabuh kanthi bener, bisa nuwuhake laras kang kepenak dirungu”.
Ukara baku saka pethilan wacan kasebut yaiku....
a. Gamelen utawa gangsa mujudake salah sijine kagunan (seni) tumrape wong Jawa.b. Menawa ditabuh, swarane nengsemake banget. Gamela iku musik orkestrane wong Jawa.c. Ricikan gamelan kang maneka warna menawa ditabuh kanthi bener, bisa nuwuhake laras kang kepenak dirungu.d. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, lan kang mawa kawat.e. Gamelan dumadi saka pirang-pirang rericikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, menawa ditabuh, swarane nengsemake banget.
29. Petikan pidhato ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Assalamu’alaikum wr. Wb
Bapak kepala sekolah, bapak pengurus komite sekolah, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, saha kanca – kanca kelas 6 ing kula trisnani.
Minangka wakilipun kanca-kanca kelas 12, kula ngaturaken gunging panuwun dene Bapak saha ibu sampun kersa rawuh ing pasamuan, ingkang kula wontenaken punika- pasamuan punika minangka raos syukur dene kanca-kanca kelas 12 saged lulus sedaya.
Ringkesen pidato ing ndhuwur ... .
a. Matur nuwun awit rawuhipun Bapak/Ibub. Minangka wakilipun kelas 12c. Pasamuan punika menangka raos syukur dene kanca-kanca kelas 12 saged lulus sedayad. Bapak kepala sekolah, bapak komite sekolah, bapak ibu guru
30. Petikan wacan ing ngisor iki satitekna!
Tanggal 2 Mei dipun tetepaken dening Pamerintah minangka dinten ageng, inggih punika “Hari Pendidikan Nasional” utawi Hardiknas. Tanggal punika kapendet saking tanggal Wiyosanipun Ki Hajar Dewantoro punika tanggal 2 Mei 1889. Nalika taksih timur asmanipun Raden Mas Suwardi Saryaningrat.
Kesimpulane isi wacan ing ndhuwur yaiku ... .
a. Tanggal 2 Mei dening pamarintah ditetepake minangka “ Hari Pendidikan Nasional”b. Tanggal 20 Mei dening pamrintah di tetepake minangka “ Hari Pendidikan Nasional “c. Tanggal 2 Maret dening pamarintah di tetepake minangka “ Hari Pendidikan Nasional”d. Tanggal 20 Maret dening pamarintah di tetepake minangka “ Hari Pendidikan Nasional”
Bagiyan 4
31. Petikan wacan ing ngisor iki satitekna!
Saben tahun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta bab banjir. Semono uga kalawarti basa jawa babaran Surabaya, panyebar semangat lan Jayabaya.
Pokok pikiran paragrap ing ndhuwur yaiku ... .
a. Panyebar semangat lan Jayabayab. Semono uga kalawarti basa jawa babaran Surabayac. Surat-surat kabar, radio lan televisi padha nggiyarake banjird. Saben tahun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha utawa nggiyarake pawarta bab banjir.
32. Guneman ing ngisor iki satitekna kanthi premati!
Mukidi : Menapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
Bambang : Ya, kena bae arep takon apa?
Mukidi : Jenisipun ukara menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos
tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa
nggih.
Bambang : O… ngono ta, sing loro yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya
ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
Mukidi : Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga kang luwih enom yaiku ... .
a. Mukidi, katitik matur nganggo basa ngokob. Mukidi, katitik matur nganggo basa kramac. Mukidi, katitik matur nganggo madyad. Bambang, katitik matur nganggo basa ngokoe. Bambang, katitik matur nganggo basa ngoko
33. Pacelathon ing ngisor iki satitekna!
A: “Halo.”
B : “Halo, sugeng sonten, Pak!”
A : “Inggih, sugeng sonten “
B : “menapa punika Pak Karjo? “
A : “Inggih leres …. . ”
Ganepan kang bener saka tuladha pacelathon ing telpon ana ing dhuwur yaiku … .
a. Punapa kula saged kepanggih kaliyan Pak Karjo.b. Benjing kapan?c. Punika sinten?d. Punapa leres punika dalemipun Pak Karjo.e. Kula piyambak.
34. Petikan sesorah ing ngisor iki satitekna!
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken raos puji dhumateng Gusti
ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan dhumateng
kita sedaya . . . .
Ukara ing dhuwur kalebu perangan sesorah bab . . .
a. Salamb. Purwaka basac. Surasa basad. Wasana basae. Pangarep-arep
35. Geguritan “Pitku” dening Muh. Awang Kurniawan ing ngisor iki satitekna!
Pitku
senajan kowe boten wonten mesinipun
nanging kanggoku kowe penting
werna rangkamu abrit kempling
Oh, pitku
senajan rodamu mung loro
senajan pedalmu mung loro
senajan remmu mung loro
nanging kanggoku kowe pelengkap uripku
Oh, Pitku
rana rene tak kayuh pedalmu
kanggo ngancani aku golek ilmu
Pitku… senajan
kowe ora padha pite kancaku
nanging kowe tetep pendamping uripku
Kang dadi isine geguritan ing dhuwur yaiku … .
a. Nyritakake Pit boten wonten mesinipunb. Nyritakake Pit werna rangkamu abrit kemplingc. Nyritakake Pit roda, pedhal, rem cacahe mung lorod. Nyritakake pit kang kanggo ngancani sekolahe. Nyritakake pit kang sedherhana kang bisa dadi kanca golek ilmu lan pendamping urip.
36. Geguritan “Bapakku” dening Anis fadhilah ing ngisor iki satitekna!
Bapakku, sing nafkahi keluwargaku
sing nggolekke dhuwit kanggo keluargaku
Bapakku,
Wong sing ngopeni keluargaku
sing saben dina ngayomi aku
Bapakku, saben esuk ngombor lembu
banjur mangkat nggolekke sangu
bapakku, saben wektu ndidik aku
ben bisa dadi bocah lugu
Bapakku, maturnuwun marang perjuanganmu
aku bakal dadi pangayommu
bapakku,
suksesku kanggo panjenengan
dongakna aku dadi presiden ning atimu
Kang dadi isine geguritan ing dhuwur kang trep yaiku … .
a. Mongkog utawa bangga marang bapakke merga wes maringi sangub. Ngaturke maturnuwun marang Bapak merga saben esuk wis ngombor sapic. Ngaturke maturnuwun marang Bapak merga wes berjuang marang keluargad. Ngaturake pandonga marang bapak muga-muga dadi presiden ing atie. Bapak saben dina nggolekke dhuwit kango sangu mangkat sekolah
Geguritan ing ngisor gawe mangsulan pitakon nomer 37-38!
Kalabendu (Dening : Yono Hs)
Taksengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni
Nanging tibake ko ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
yen wus siaga ngana ya no problem
Balik sing durung ko ya kaga gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha thukul meneh
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggowarsito
kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh
Anggere titah nora waspada
lan mung nuruti hawa.
37. Geguritan ing dhuwur temane yaiku....
a. Senib. Budayac. Pituturd. Ekonomie. Politik
38. “Taksengguh kala bathara wus lebur”. Tembung Bathara duweni teges....
a. Setab. Widodaric. Dewad. Manungsae. Jalma
39. Gatekna cuplikan geguritan iki!
Panase surya tan rinasa
Kesele awak tan ginubris
Kang diesti among makarya
Oleh karya
Kanggo putra
Isi pethikan geguritan iku ngemu rasa…
a. Jengkel nalika nyambut gawe ing ngalasb. Ora trima amarga dadi wong kakeyan gaweanc. Kangen marang wong kang nyambut gawed. Semangat nyambut gawe kang makantar-kantare. Sabar, nalika nyambut gawe kanggo keluarga
40. Gatekna cuplikan geguritan iki!
eklasna aku lunga biyung
sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
eklasna aku lunga
lungaku sangu ati lapis waja
…………..
Isine geguritan ing dhuwur yaiku….
a. Bocah enom kang bingung arep lungab. Rasa sedhih ninggalake wong tuac. Pamit arep golek pakaryan ing adohd. Pamit arep budhal sekolahe. Wis ora kuwat maneh amarga lara