Cek Channel YouTube saya Pak Lukas

Soal Bahasa Jawa Penilaian Akhir Semester Kelas XII SMA

Berikut ini merupakan soal Penilaian Akhir Semester Ganjil Bahasa Jawa tahun pelajaran 2021/2022. Kebetulan selain mengajar Biologi saya juga mengajar matapelajaran bahasa Jawa. Semoga soal ini berguna. Mari saling berbagi. Salam!



Bagiyan I : Aksara Jawa

Jingglengana wacan aksara Jawa ing ngisor iki kanggo jawab soal nomer 1-7

꧁ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦯꦸꦱ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦱꦏꦧꦠ꧀꧂
꧇꧑꧖꧇꧋ꦤꦭꦶꦏꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦯꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦤꦲꦷꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦷꦒꦶꦫꦺꦱꦒꦫꦓꦭꦶꦭꦺꦪ꧈ꦩꦶꦂꦱꦯꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦄꦟ꧀ꦢꦿꦺꦪꦱ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦺꦯꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦭꦒꦶꦥꦝꦤꦶꦧꦏꦏꦺꦗꦭꦲꦷꦱꦒꦫ꧈ꦲꦩꦂꦒꦥꦝꦢꦢꦶꦠꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦮꦏ꧀꧈
꧇꧑꧗꧇ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦢꦶꦝꦮꦸꦲꦶꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦯꦸꦱ꧀ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇꧌ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦩꦺꦭꦸꦮꦲꦏꦸ꧈ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦏꦭ꧀ꦢꦏꦢꦢꦺꦏꦏꦺꦠꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦲꦸꦮꦺꦴꦁ꧉꧍
꧑꧘꧇ꦱꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦤꦸꦭꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦤꦷꦒꦭꦏꦺꦗꦭꦤꦺꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦺꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦺ꧉
꧇꧑꧙꧇ꦧꦉꦁꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦔꦏꦺꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦺꦱꦮꦠꦫ꧈ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦯꦸꦱ꧀ꦩꦶꦂꦱꦪꦑꦺꦴꦧꦸꦱ꧀ꦲꦤꦏꦺꦗ꦳ꦺꦧꦺꦝꦺꦪꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦪꦺꦴꦑꦤꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦺꦭꦒꦶꦲꦤꦲꦷꦥꦿꦲꦸꦲꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦤꦶꦗꦭꦤꦺ꧉
꧒꧐꧇ꦱꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦤꦸꦭꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦢꦶꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦢꦺꦤꦷꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦯꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦪꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦤꦷꦒꦭ꧀ꦗ꦳ꦺꦧꦺꦝꦺꦪꦸꦱ꧀ꦧꦥꦏ꧀ꦤꦺꦲꦤꦲꦷꦥꦿꦲꦸꦏꦫꦺꦴꦥꦫꦧꦸꦫꦸꦲꦺꦭꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏꦏꦺꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤꦺ꧉

1. Panulisan Galilea nganggo aksara Jawa kang trep yaiku....
a. ꦒꦭꦶꦭꦺꦲ
b. ꦒꦭꦶꦭꦺꦪ
c. ꦓꦭꦶꦭꦺꦃꦲ
d. ꦓꦭꦶꦭꦺꦪ
e. ꦓꦭꦶꦭꦺꦪꦃ

2. Sapa sing dipirsani Gusti Yesus ing pinggire sagara Galilea?
a. Simon lan Andreas
b. Simon lan Yokanan
c. Simon lan Zebedheus
d. Yakobus lan Andreas
e. Yakobus lan Yokanan

3. Sapa jeneng bapake Yakobus?
a. Simon
b. Andreas
c. Zebedheus
d. Yokanan
e. Matheus

4. Sapa jenenge sedulure Yakobus?
a. Simon
b. Andreas
c. Zebedheus
d. Yokanan
e. Matheus

5. Sapa sing bakal didadekake tukang golek uwong?
a. Simon
b. Andreas
c. Zebedheus
d. Yokanan
e. Matheus

6. Apa irah-irahan wacan ing nduwur?
a. Gusti Yesus wiwit angsal sakabat
b. Gusti Yesus wiwit angsal sahabat
c. Gusti Yesus wiwit angsal murid
d. Gusti Yesus wiwid angsal sahabat
e. Gusti Yesus wiwid angsal murid

7. Ing ayat pira Gusti Yesus pirsa Yakobus ndandani jala karo sedulure?
a. 16
b. 17
c. 18
d. 19
e. 20

8. Tandha wacan ꧋ digunaake kanggo....
a. miwiti nulis
b. mateni swara
c. mandeg sautara
d. titik
e. aksara rekan

9. Pada lingsa iku ing aksara latin diarani...
a. titik
b. koma
c. titik koma
d. titik loro
e. tandha pitakon

10. Aksara murdha gunane kanggo nulis...
a. Jeneng wong, tandha  kinurmatan, lan jeneng kutha
b. Jeneng wong, jeneng sasi, lan jeneng kutha
c. Wiwitan ukara, jeneng wong, lan tandha kinurmatan
d. Wiwtan ukara, jeneng sasi, lan jeneng kutha
e. Wiwitan ukara, jeneng wong, lan jeneng sasi

Bagiyan II : Sekar Macapat

1. Jingglengana tembang sapada iki kanthi premati.
Marma den taberi kulup, 
angulah lantiping ati, 
rina wengi den anedya, 
pandak-panduking pambudi, 
bengkas kahardaning driya, 
supadya dadya utami.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang dhuwur iku kang bener...
a. 8a, 8i, 8a, 8u, 8i, 8a
b. 8u, 8a, 8i, 8u, 8a, 8i
c. 8i, 8a, 8u, 8i, 8i, 8i
d. 8a, 8i, 8u, 8a, 8i, 8i
e. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

2. Serat Tripama iku anggitane...
a. KGPAA Mangkunegara IV
b. KGPAA Suryamentaram
c. KGPAA Mangkubumi
d. KGPAA Pakualam IV
e. Sultan Hamengkubuwana IV

3. Tembung Kinanthi ateges...
a. digandheng
b. diajak bareng
c. dienggo kanca
d. dituntun
e. tansah lengket marang

4. Tibaning swara ing pungkasaning gatra iku diarani....
a. Pupuh
b. pada
c. guru gatra
d. guru wilangan
e. guru lagu

5. Tembang Dhandhanggula gatra sepisan ana...
a. 6 wanda
b. 7 wanda
c. 8 wanda
d. 9 wanda
e. 10 wanda

Bagiyan III : Pidhato

1. Ukara “Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2018. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.” kalebu perangan....
a. Salam pambuka
b. Pambuka
c. Isi
d. Pangajab-ajab
e. Panutup

2. Ukara “Bapak/Ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakatahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.”  kalebu perangan ….
a. Pambuka
b. Salam pambuka
c. Isi 
d. Panutup
e. Salam panutup

3. Sikeping awak sing trep nalika ngaturake pidhato yaiku...
a. ngadek jejeg
b. tangan mlebu sak clana
c. mbanda tangan
d. ngukur-ngukur piranganing awak
e. asring mesem

4. Isi pidhato banget nengsemake, nganti sing ngrungokake padha ngguyu kepingkel-pingkel. Sesorah iku ngemu ancas...
a. Atur pangerten
b. Atur panglipur
c. Atur pamilut
d. Atur pangarep-arep
e. Atur sesusuluh

5. Sawise pambuka, perangan pidhato kang bener yaiku...
a. Salam pambuka
b. Isi
c. Pangarep-arep
d. Panutup
e. Salam Panutup

Bagiyan IV : Geguritan

1. Jingglengana cuplikan geguritan iki.
“dhoktel kuwin pancen bisa nambani, nanging ola bisa malekake, sing bisa malekake kuwi seje ana dhewe”
Isi dhiyalog “sing bisa malekake kuwi seje ana dhewe” yaiku...
a. malaikat
b. dhokter ahli
c. dhukun
d. paranormal
e. Gusti Allah

2. Wacana geguritan Tikus-Tikus ing ngisor iki.
Tikus-tikus ing omahku, slutha-sluthu
ora duwe sungkan, awan-awan
ngrikiti cikal ndhuwur daringan
Tikus-tikus ing kantoran, pencilakan
angon mangsa mbukaki lemari, laci
meja ora kari dadi sasaran, wewatekan
mentalan mbalung sungsum nganti saiki.
Isine geguritan ing dhuwur yaiku....
a. Wong-wong kang nggoleki mangsa ing meja lan laci
b. Wong-wong kang pada pencilakan ing kantor
c. Wong-wong kang pada mbukak lemari
d. Wong-wong kang pada korupsi
e. Wong-wong kang pada nyolong

3. Salah sijining ciri geguritan jinis mbeling yaiku....
a. Nengenake teges
b. Awujud parikan
c. Awujud tembang
d. Nyebal saka paugeran
e. Manut marang paugerat

Bagiyan V : Budhaya Jawa

Omah Adat

1. Pringgitan sakliyane kanggo wayangan uga kanggo...
a. Turu
b. Nyimpen bandha
c. Nampa tamu cedhak
d. Sembahyang 
e. Kamar panganten

2. Bagiyan omah Joglo sing digunakake kanggo kamar panganten yaiku...
a. Pendhapa
b. Pringgitan
c. Senthong
d. Gandok
e. Pawon


Busana Penganten

1. Jingglengana busana panganten ing ngisor iki.
1. keris
2. beskap
3. blangkon
4. cundhuk mentul
5. nyamping 
Busana adat Jawa tumrap panganten putri yaiku nomer...
a. 1 lan 2
b. 1 lan 3
c. 2 lan 3
d. 2 lan 4
e. 4 lan 5

2.Pola nyamping ing dhuwur arane....
a. sidomukti
b. sidomulya
c. wahyu tumurun
d. sidoluhur
e. sidosekti

3. Menawi penganten kakung ngagem busana penganten model Kasatriyan, mangka panganten putri ngagem busana model....
a. Basahan
b. Takwa
c. Sikepan
d. Langenharjan
e. Pesisiran

Gamelan

1. Kanggo ngatur cepeting wirama gendhing iku nganggo piranti gamelan...
a. gong
b. gambang
c. kethuk
d. bonang
e. kendhang

2. Arane piranti gamelan ing gambar yaiku...
a. Slenthem
b. Demung
c. Saron
d. Rebab
e. Bonang

3. Titilaras gamelan pelog kang bener yaiku....
a. 1 2 3 4 5 6
b. 1 2 3 4 6 1
c. 1 2 3 5 6 1
d. 1 2 3 4 5 6 7
e. 1 2 3 4 5 6 1

4.Bedane laras slendro dan laras pelog ana ing...
a. Laras
b. Wirama
c. Titilaras
d. Jinising pathet
e. Cacahing wilahan

Wayang

1. Patih Suwanda iku patih ing nagara...
a. Alengkadiraja
b. Ayodyapala
c. Maespati
d. Guwakiskendha
e. Kendhalisada

2. Tokoh wayang kang kagambar ing ngisor iki arane...
a. Kumbakarna
b. Bambang Sumantri
c. Wrekudhara
d. Adipati Karna
e. Janaka

Bagiyan VI : Kawruh Basa

1. Jingglengana tuladha ngisor iki.
Suwe ora jamu jamu godhong lumbu
Suwe ora ketemu ketemu pisan gawe nesu.
Tuladha ing dhuwur diarani...
a. sanepa
b. parikan
c. wangsalan
d. cangkriman
e. purwakanthi

2. Ing ngisor iki sing ora kalebu wewaler yaiku....
a. Aja mangan ing ngarep lawang, mengko seret jodhone.
b. Wis maghirb, aja dolan, mengko bisa dipangan buta ijo.
c. Becik ketitik ala ketara.
d. Aja melik darbeking liyan.
e. Aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating demit.

3. Jangkepana wangsalan iki. Roning mlinjo sampun sayah,  nyuwun....
a. Ngombe
b. Turu
c. Leren
d. Ngaso
e. Lungguh

4. Conto purwakanthi kang nggunakake wanda aksara yaiku...
a. Sumber gung, soring gunung
b. Bapak pocung, dudu watu dudu gunung
c. Pak Kerta, tuku kertu
d. Bocah cilik, klambi lurik
e. Godhong mlijo, werna ijo

5. Lik Roni tiba saka wit  klapa, tatune arang kranjang. Tegese tatune arang kranjang yaiku...
a. Tatune gedhe banget
b. Tatune sithik banget
c. Tatune akeh banget
d. Tatune lara banget
e. Tatune cilik banget

Bagiyan VII : Unggah-ungguh Basa

1. Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku …. 
a. Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng tuwin ngendikan.
b. Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?
c. Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.
d. Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.*
e. Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat

2. Anak : “Kala wau ndalu Bapak ... pinten?”
Bapak : “Aku turu jam setengah sepuluh.”
a. turu
b. sare
c. bobok
d. tilem
e. nglempus

3. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A : Punapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
B : Ya, kena bae arep takon apa?
A : Jenisipun ukara  menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih….
B : O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep. 
A : Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga kang luwih enom yaiku….  
a. A, katitik matur nganggo basa ngoko
b. B, katitik matur nganggo basa ngoko
c. A, katitik matur nganggo basa krama
d. B, katitik matur nganggo basa krama
e. A, katitik matur nganggo madya

4. Bapak takon karo aku, “Le kapan olehmu budhal?”
Cikben bener tembung takon diganti....
a. neges
b. taken
c. tanglet
d. nyuwun pirsa
e. mundhut pirsa

5. Adhiku maringi permen maramg kangmase.
Tembung maringi sing trep diganti...
a. ngeki
b. menehi
c. ngaturi
d. ngawehi
e. ngulungi

6. A : “Mangga, kula aturi dhahar.”
B : “Matur nuwun, kula sampun....”
a. maem
b. mangan
c. nedha
d. nedhi
e. dhahar

Posting Komentar

© Biologi Pak Lukas. All rights reserved. Developed by Jago Desain