Cek Channel YouTube saya Pak Lukas

Contoh Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas XII

Berikut ini merupakan contoh pidato bahasa Jawa dengan tema acara perpisahan kelas XII atau wisuda atau adiwiyata. Dua pidato di bawah merupakan teks pidato yang disusun oleh siswa-siswi SMA Virgo Fidelis dalam rangka ujian praktik bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

Contoh Pidato Bahasa Jawa 1

Oleh Hadasa Era (XII MIPA)

Sugeng enjang, 

Ingkang kinurmatan Sr. M. Theresie, OSF, S.Pd, M. Pd, minangka kepala sekolah SMA Virgo Fidelis Bawen. Ingkang kinurmatan ugi Bapak/ Ibu Guru, Karyawan SMA Virgo Fidelis Bawen, Bapak/ Ibu wali siswa, saha tamu undangan. Ingkang kula tresnani, kanca-kanca kelas XII SMA Virgo Fidelis Bawen.

Puji syukur kita unjukaken dumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi awit saking kanugrahanipun kita sedaya saget makempal wonten mriki kangge ngawontenaken acara wasana warsa. Kawula ing mriki mingangka wakil saking kanca-kanca kelas XII dipunparingi jejibahan kangge ngaturaken pesen saking angkatan kita inggih punika angkatan 28 SMA Virgo Fidelis Bawen.

Kanca-kanca ingkang kula tresnani, tanpa keraos tigang tahun kelampahan cepet sanget. Kathah seneng, sisah, gumujeng, saha muwun ingkang sampun kita lampahi sesarengan. Ngantos wusananipun wekdal ingkang dipun antu-antu dumugi. Kita sedaya saget lulus lan wusananipun kita nilaraken sekolah menika, sekolah ingkang kita tresnani inggih punika SMA Virgo Fidelis Bawen. Abot raosipun kangge pisah amargi kenangan-kenangan ingkang sampun kaukir wonten sekolah mriki banget endahipun. Milai saking kawontenanipun sekolah, kanca-kanca ingkang nggadahi sifat benten-benten, sarta gulawentah saking Bapak saha Ibu Guru. Nanging, kita sedaya ngrumaosi bilih wekdal-wekdal ingkang endah kasebut sampun kelampahan. Sakpunika titiwancinipun kawula sedaya badhe pepisahan, nilar sekolah ingkang kita tresnani kangge mujudaken gegayuhan kita sedaya.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Wonten wekdal punika, kula dados wakilipun kelas XII ngaturaken maturnuwun sanget katur Suster saha Bapak/ Ibu Guru awit pangorbananipun saha tresnanipun anggen nggulawentah kawula sedaya kanthi tulusipun manah. Awit saking panggulawentahipun Suster saha Bapak/ Ibu Guru sedaya, kawula kaliyan kanca-kanca pikantuk ilmu ingkang sanget migunani kangge dinten tembe kawula sedaya. Mboten namung ilmu, kawula sedaya ugi dados lare ingkang sae wonten ing tumindak saha pangucap. Mboten kesupen, kawula sedaya ugi ngaturaken maturnuwun dumateng Bapak/ Ibu Karyawan amargi sampun ngladosi lan mbiyantu kawula sedaya bab urusan administrasi. Kawula nyuwun pangapunten bilih nalika wonten pasinaonan sampun ndadosaken mboten renanipun penggalih Suster, Bapak/ Ibu guru saha karyawan nglangkungi tumindak utawi pocapan kawula sae ingkang disengaja utawi mboten. Mugi-mugi Gusti mberkahi Suster, Bapak/ Ibu Guru saha Karyawan anggenipun nindakaken jejibahan ingkang mulya punika.

Kawula ugi pesen kangge adik-adik kelas X saha XI supados sregep sinau, ngatur wekdal kanthi sae nglangkungi tumindak ingkang positif kangge nyiapaken gegayuhan adik-adik sedaya. Nindakaken piwulang kanthi tumemem, ngajeni Bapak/ Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah adik-adik sedaya. Dados siswa ingkang sae wonten ing tumindak lan pocapan, nggayuh prestasi sakinggil-inggilipun saha njagi martabatipun sekolah ingkang sae wonten pundi kemawon.

Temtunipun mboten wicaksana bilih kawula kekatahen anggenipun matur. Pramila kawula nyuwun pangapunten menawi wonten pocapan kawula ingkang kirang ngremenaken penggalih Suster saha Bapak/ Ibu sedaya. Cekap semanten lan maturnuwun kawigatosanipun.

Sugeng enjang, Gusti mberkahi


Contoh Pidato Bahasa Jawa 2

Oleh Sefanya Latutian (XII IPS)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, Salam sejahtera kagem kita sedaya, Shalom, Om Swastyastu, Namo Buddhaya, lan Salam Kebajikan.

Sugeng siang kula aturaken dhumateng para rawuh sedaya.

Ingkang kinurmatan Suster, Bapa saha Ibu Guru, karyawan SMA Virgo Fidelis Bawen, Para wali murid kelas 12, lan kanca-kanca sedaya ingkang kulo tresnani.

Puji lan syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung. Amarga sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya, saengga dinten menika kita saged makempal wonten acara wasana warsa murid kelas 12 SMA Virgo Fidelis Bawen.

Hadirin ingkang kinurmatan, wonten kesempatan dinten puniki, lebeting acara wasana warsa kelas 12 SMA Virgo Fidelis Bawen, kula makili kanca-kanca kelas 12 bersyukur sanget amargi kita sampun kasil ngrampungaken tugas-tugas kita dados siswa wonten SMA Virgo Fidelis puniki. 3 warsa ingkang rumiyin saderengipun wontenipun Pandemi covid-19, kula lan kanca-kanca kelas 12 kasil mlebet dhateng SMA puniki, inggih menika mangsa wonten pundi kita nikmati sanget kegesangan kita dados lare kelas 10 ingkang enggal mlebet SMA. Wonten pundi saben dinten kita kepanggih tatap rai ing sekolah, kita nindhakaken kathah sanget kegiatan ing sekolah puniki kados sinau sareng , ngerjakaken tugas-tugas kita, lan nindhakaken kathah sanget kegiatan ekstrakulikuler. Ananging mboten kita sangka-sangka, kasunyatanipun kita kedah kaicalan kathah kesempatan kita kagem nikmati kala kasebat , langkung-langkung kesempatan kita kagem nindhakaken rencana study tour amargi nalika warsa 2020 wanci kita badhe minggah dhateng kelas 11, Covid-19 mlebet wonten indonesia. Ing pengumuman awal, kita sedaya libur namung 2 minggu nanging kasunyatanipun terus lajeng ngantos sasen-sasen. Begjanipun SMA Virgo Fidelis  puniki ing pertengahan warsa 2020 sampun nglampahaken pasinaon tatap rai malih, sanadyan pastinipun kathah sanget pertimbangan ingkang dipunlampahaken dening pihak sekolah amargi nglampahaken PTM ing mangsa Pandemi. Nalika sekolah sanes full daring, kita wonten ngriki sampun nglampahaken PTM, sanadyan ngagem sistem ganjil jangkep, lan ngagem protokol ingkang ketat sanget. Ananging kita bersyukur amargi kita taksih saged kepanggih sanadyan kedah nerapaken social distancing, lan kasunyatanipun kita nindhakaken PTM ganjil jangkep ngantos kita lulus warsa puniki. Menapa mawon ingkang kedados, kita tetep bersyukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung amargi kita sampun dipunkepanggihaken ing sekolah puniki. Lan pungkasanipun saged nglangkungi 3 warsa pasinaon, sanadyan kita mboten gadhah kathah kenangan sareng, kados kakang-kakang kita ingkang sampun lulus ing mangsa saderengipun pandemi, amargi kondisi lan kawontenan ing mangsa pandemi puniki ingkang mboten mungkinaken.

Dados perwakilan saking kanca-kanca kelas 12 SMA Virgo Fidelis Bawen. Kula badhe ngaturaken gineman matur nuwun kita, sadayaning siswa kelas 12 dhumateng Suster, Bapak Ibu guru, saha para karyawan SMA Virgo Fidelis Bawen, ingkang sampun nampi kita saking 3 warsa ingkang rumiyin; wiwit saking kita kelas 10 wanci wonten pundi kita kaping sapisan mlebet SMA puniki, lajeng kita minggah dhateng kelas 11, lan pungkasanipun kita sadayaning lare-lare kelas 12 sasampunipun puniki kedah nilaraken SMA Virgo Fidelis kagem nglajengaken lampahan kita tumuju jenjang ingkang langkung inggil. Kita ugi ngaturaken matur nuwun inggiling pendampingan, sengkuyungan, motivasi, lan welas asih saking Suster, Bapak Ibu guru, saha para karyawan SMA Virgo Fidelis Bawen salami 3 warsa puniki. Kula makili kanca-kanca sedaya ugi badhe nyuwun pangapunten menawi salami sekolah wonten SMA puniki kita nindhakaken kathah kelepatan. Asring nglanggar tata tertib sekolah, utawi malah kita nglawan lan mboten sengaja nyakiti panggalih Suster, Bapak Ibu guru, saha para karyawan ing ngriki. Matur nuwun ugi dhumateng wali lan tiyang sepuh kita, ingkang sampun mbiayai pendidikan kita sadangu puniki. Nyuwun pangapunten menawi usaha kita salami menika taksih kirang maksimal, nanging mugi-mugi menapa ingkang sampun kita kerjakaken, maringi  kasil ingkang mboten sia-sia. Lan mugi-mugi, mangke kita saged dados lare ingkang mbingahaken lan kagungan gina kagem kathah tiyang.

Kaliyan adik-adik kelas 10 lan 11 ingkang kita tresnani, pasinaon ingkang kewates kados sapunika estu kadhang-kadhang mbosenaken. Ananging ampun nyerah amargi kita sampun mbuktekaken menawi kita saged nglangkungi punika sedaya, lan nglawan raos bosen saha kesel kita. Kita ngajeng-ajeng adik-adik saged nindhakaken langkung saking menapa ingkang sampun kita tindakaken saderengipun. Mugi-mugi adik-adik ugi saged ndamel SMA Virgo Fidelis niki samsaya berkembang lan dipuntepang wiyar dening masyarakat. Matur nuwun amargi sampun dados kanca lebet nindhakaken kegiatan-kegiatan wonten sekolah puniki. Sanadyan kita lan adik-adik benten angkatan, ananging kita sami tetep keluwargi lan inggih punika perangan saking SMA Virgo Fidelis. Kita ugi nyuwun pangapunten menawi kita kelas 12 taksih dereng saged maringi tuladha ingkang sae kaliyan adik-adik. Sekedhap malih kita badhe nilaraken sekolah puniki,amargi kita kedah nglajengaken pendidikan dhateng jenjang ingkang langkung inggil, lan nggayuh supena-supena kita sedaya. Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya sami angsal kepanggih saweg wonten tangga kesuksesan ingkang langkung inggil.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, menawi kathah kalepatan lan klenta klentunipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, Salam sejahtera kagem kita sedaya, Shalom, Om Swastyastu, Namo Buddhaya, lan Salam Kebajikan.


Posting Komentar

© Biologi Pak Lukas. All rights reserved. Developed by Jago Desain