Berikut ini merupakan soal Penilaian Akhir Semester Ganjil Bahasa Jawa tahun pelajaran 2021/2022. Kebetulan selain mengajar Biologi saya juga mengajar matapelajaran bahasa Jawa. Semoga soal ini berguna. Mari saling berbagi. Salam!
Bagiyan I : Aksara Jawa
Jingglengana wacan aksara Jawa ing ngisor iki kanggo jawab soal nomer 1-4.
꧋ꦲꦏꦸꦢꦸꦮꦺꦏꦚ꧀ꦕꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦯꦸꦱꦶꦱꦸꦱꦤ꧀ꦠꦶ꧉ꦲꦺꦴꦩꦲꦺꦲꦤꦲꦷꦗꦶꦩ꧀ꦧꦫꦤ꧀꧈ꦲꦸꦩꦸꦫꦺꦱꦲꦶꦏꦶ꧇꧑꧗꧇ꦠꦲꦸꦤ꧀꧈ꦲꦺꦴꦧꦶꦤꦺꦩꦕꦤꦺꦴꦥ꦳ꦺꦭ꧀꧈
1. Sapa jenenge kanca paraga ing wacan?
a. Budi Susetyab. Susi Susantic. Surti Susetyad. Budi Susantie. Susanti Susetya
2. Pira umure kanca paraga ing wacan?
a. 15b. 16c. 17d. 18e. 19
3. Manggon ing daerah ngendi kanca paraga ing wacan?
a. Glodoganb. Ambarawac. Bawend. Doplange. Jimbaran
4. Apa hobine kanca paraga ing wacan?
a. Maca novelb. Maca komikc. Maca majalahd. Masak rotie. Masak spageti
5. Pada lingsa iku ing aksara latin diarani...
a. titik
b. koma
c. titik koma
d. titik loro
e. tandha pitakon
6. Aksara rekan iku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha arupa...
a. Cecak siji
b. Cecak loro
c. Cecak telu
d. Cecak papat
e. Cecak lima
7. Aksara rekan iku kanggo nulis tembung-tembung saka basa manca, utamane basa...
a. Arabb. Melayuc. Sansekertad. Indonesiae. Cina
8. Aksara murda ing basa Jawa iku dienggo tumrap...
a. Aksara gedhe ing aksara Latinb. Jeneng-jeneng priyagungc. Papan tirah priyagungd. Jeneng dalan gedhee. Kabeh bener
9. Aksara Jawa rekan ing ngisor iki kang bener yaiku...
a. ꦑb. ꦢ꦳c. ꦒꦁd. ꦥꦿe. ꦗꦸ
10. Panulisan gelar “Uskup” nganggo aksara jawa kang trep yaiku...
a. ꦲꦸꦱ꧀ꦏꦸꦥ꧀b. ꦲꦸꦱꦏꦸꦥ꧀c. ꦲꦸꦯ꧀ꦏꦸꦥ꧀d. ꦈꦱ꧀ꦏꦸꦥ꧀e. ꦈꦯ꧀ꦏꦸꦥ꧀
Bagiyan II : Unggah-Ungguh Basa
1. Anak : “Kala wau enjing Bapak wungu tabuh pinten?”
Bapak : “Aku .... jam setengah lima.”
a. wungub. melekc. tangid. bangune. bangkit
2. A : “Mangga, kula aturi dhahar.”
B : “Matur nuwun, kula sampun....”
a. maemb. manganc. nedhad. nedhie. dhahar
3. Suntingan kang bener tumrap tembung artine ing ukara “Apa kowe ngerti artine Bhineka Tunggal Ika?” yaiku....
a. artoseb. tegesec. luguned. karepee. maksude
4. Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A : Punapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?B : Ya, kena bae arep takon apa?A : Jenisipun ukara menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih….B : O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.A : Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga kang luwih enom yaiku….
a. A, katitik matur nganggo basa ngokob. B, katitik matur nganggo basa ngokoc. A, katitik matur nganggo basa kramad. B, katitik matur nganggo basa kramae. A, katitik matur nganggo madya
5. Bapak : Le adhikmu wis adus durung?
Anak : Adhik sampun ... kala wau.
a. adusb. siramc. ciblond. pakpunge. gebyuran
Bagiyan III : Sekar Macapat
1. Paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane, diarani...
a. Tembangb. Guru gatrac. Guru lagud. Iramae. Guru wilangan
2. Tembang pocung iku ana...
a. Rong gatrab. Telung gatrac. Patang gatrad. Limang gatrae. Nem gatra
3. Bapak pocung rupamu saingga gunung / tan ana kang tresna / saben uwong mesthi sengit / yen kanggonan den lus-elus tinangisan //
Jingglengana sekar macapat ing nduwur. Gatra kapapat nduweni guru lagu lan guru wilangan...
a. 8 – ab. 9 – ac. 10 – ad. 11 – ae. 12 – a
4. Cacahing wanda lan dhong-dhinging swara gatra kapindo tembang pocung yaiku...
a. 4ab. 5ac. 6ad. 7ae. 8a
5. Jingglengana sekar Pocung ing ngisor iki.
Ngelmu iku kalakone kanthi lakulekase lawan kastegese kas nyantosanisetya budya pangekese durangkara
Duweni ateges yen ilmu kuwi bakal nglungkari watak...
a. Merib. Sreic. Umukd. Angkarae. Durhaka
Bagiyan IV : Kawruh Basa
1. Ing ngisor iki sing kalebu dasanamane srengenge kajaba....
a. Suryab. Bagaskarac. Candrad. Raditee. Bagaspati
2. Apa batangane cangkriman “Anake diidak-idak, ibune dielus-elus”?
a. Sulakb. Tempec. Pringd. Timbae. Andha
3. Kumbahane Yu Minah tumpuk-undhung amarga dheweke lara suwi.
Ukara iku ngandhut tembung...
a. Entarb. Garbac. Dasanamad. Baliswarae. Saroja
4. Tembung ing ngisor iki kang klebu tembung entar yaiku...
a. Andhap-asorb. Putra-putric. Adang segad. Udan tangise. Legi bratawali
5. Jalwestri iku kalebu...
a. Kerata basab. Yogaswarac. Tembung garbad. Tembung entare. Tembung saroja
Bagiyan V. Jinising Teks
Cerita cekak
Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan ngisor iki.
Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.
1. Panulisan irah-irahan kang trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku...
a. nulungi sedulurb. Nulungi sedulurc. Nulungi Sedulurd. nulungi Sedulure. NULUNGI sedulur
2. Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku . . .
a. Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwaneb. Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukurc. Tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulyad. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhee. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
3. Wos surasane alenia 1 wacan ing dhuwur yaiku . . .
a. Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolahb. Sarno ora kalah karo kancane sing tetep padha sekolahc. Sarno bocah pinter lan pikirane majud. Wong tuwane Sarno ora duwe ragade. Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku
Sesorah
1. Sikeping awak sing trep nalika ngaturake tanggap wacana yaiku...
a. ngadek jejegb. tangan mlebu sak clanac. mbanda tangand. ngukur-ngukur piranganing awake. asring mesem
2. Ukara “Bapak/Ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakatahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.” kalebu perangan ….
a. Pambukab. Salam pambukac. Isid. Panutupe. Salam panutup
3. Ukara “Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2018. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.” kalebu perangan....
a. Salam pambukab. Pambukac. Isid. Pangajab-ajabe. Panutup
Crita rakyat
1. Crita rakyat iku yen kawawas saka sipating karangan, kalebu...
a. Narasib. Deskripsic. Eksposisid. Argumentasie. Persuasi
2. Irah-irahan crita Anglingdarma iku bisa kapentasake minangka....
a. Seni lenongb. Seni ludrukc. Seni ketoprakd. Seni wayang kulite. Seni wayang wong
3. Yen njingglengi crita rakyat Anglingdarma, Dewi Mayawati iku duweni watak kaya ing ngisor iki, kajaba....
a. Manjab. Alemanc. Ugungand. Ngadi-adie. Mandhiri
4. Sang Brahma ing crita Anglingdarma nyalahake tumindake anake yaiku putrining raja naga, iku aweh tuladha yen jejering wong tuwa...
a. Bela kulawargab. Tut wuri andayanic. Jejeging rasa kaadiland. Nengenake prikamanungsane. Mbang cindhe mbang siladan
Undhangan
Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 lan 2 !
Ing satengahing kagiyatan MOS (Masa Orientasi Sekolah), Pak Adi, guru Basa Jawa SMA Virgo Fidelis, maosake wara-wara. Dene isine wara-wara mangkene.
Wara-wara iki katujokake kanggo para siswa Kelas X. Kabeh siswa anyar Kelas X supaya ngumpul ing:Dina, tanggal : Senin, 23 Juli 2012Wanci : Jam 15.30 WIBPanggonan : Ruang FransiskusKaperluan : Ngrembug bab pranatan kelas anyarWara-wara iki wigati banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X, prayogane kabeh bae bisa nekani patemon iku!
1. Kanthi teliti, yen wara-wara mau mligi katujokake kanggo ... .
a. sedaya para siswab. para siswa pengurus OSISc. para siswa anyard. para siswa lanang kelas Xe. para siswa anyar kelas X
2. Acara ing undhangan iku bakal digelar jam...
a. Telu soreb. Telu esukc. Setengah papat sored. Setengah papat esuke. Setengah telu sore
Teks Eksposisi : Mantu
1. Adicara mantu iku kalebu...
a. Senib. Ilmuc. Klenikd. Budayae. Adat-istiadat
2. Wong arep duwe gawe mantu iku ana pirang-pirang tataran. Tataran kapisan yaiku...
a. Utusanb. Salaranc. Nontonid. Nglamare. Ningseti
3. Lumakuning pawiwahan ganep, ateges adicara kang lumaku yaiku...
a. Ijabb. Ijab lan temonc. Ijab, temon, pahargyand. Sasrahan, ijab, temon, pahargyane. Nglamar, sasrahan, ijab, temon, pahargyan